BEJO MLEBU SEKOLAH
Ing sawijining kutho, ana murid
sing jenenge Bejo. Dheweke nduwe konco jenenge Dadang lan Dudung. Lan dheweke nduwe
pacar sing mata duitan jenenge Stepany.
Sawijining dina, Bejo arep ndaftarake diri mlebu SMA. Sanajan Bejo ora
pinter lan daneme elek, dheweke tetep nyoba nggawe kabeh cara.
Bejo : Jenengku Bejo. Nanging
aku luwih seneng diceluk Michael (Micael)
Dudung : Michael (Maikel), Bos.
Bejo : Rame ae! Nanging aku ora eruh opo’o konco – koncoku
nyeluk aku Michael (Maikel). Yo wes lah,
tak turu ae.
(Dudung lan
Dadang ndelok Stepany teka )
Bejo : Lho nang endi, Rek!
Stepany : Heh, nang endi ae!
Bejo : Astaghfirullah.
Stepany : Aku wingi mari tuku helikopter.
Duwekku entek. Aku njaluk duwek!
Bejo : Sek – sek, aku tak
njupuk ndek bank.
Stepany : Heh, kate nang endi!
(Bejo Mlayu
lan diuber karo Stepany. Dheweke singitan ing ngisore meja)
Stepany : Bejo!
(Bejo wahing lan Stepany krungu)
Stepany : Sapa iku?
Bejo : Meong. Aku kucing.
Stepany : Owalah, kucing to. Loh, kucing
kok isa ngomong?
(Stepany
nggolek Bejo lan nemokake Bejo)
Stepany : Lhaa.. Lapo singitan barang?
Ayo, nang Bank. Njupuk duwek!
Bejo : Iyo iyo.
(Bejo
dijewer kupinge karo Stephany. Nanging, Bejo bisa kabur)
Stepany : Bejo!
Bejo : Jenengku Michael, guduk
Bejo!
(Dadang lan
Dudung teka)
Bejo : Lapo awakmu ngalih
maang?!
Dadang : Sepurane, Bos. Lha aku wedi.
Dudung : Stepany ngamuk
yo, Bos?
Bejo : Halah, babah. Saiki
tukokna aku formulir ambek jupukna duwekku ing Bank. Iki ATMe.
Dadang : Bos, bos.
Bejo : Apa?
Dudung : Duwek, Bos.
Gawe numpak taksi.
Bejo : Yo wes. Iki duweke, 300
ewu.
Dadang : Nah, ngene a bos, Bos.
Bejo : Sek, sek, sek. Tak
silih duwekmu 200 ewu.
Dudung : Lho, Bos.
Duwekku entek lak’an.
Bejo : Yo sesuk tak ganteni.
Wes, ndang tukuo.
Sesuke..
Ibu :
Nduk.
Bejo : Le, Buk.
Ibu :
Wes, ndang mlebuo. Ibu tak mulih.
Bejo : Nggeh, Buk.
Dadang : Lha, iki bos teka.
Dudung : Ndi duwekku,
Bos?
Bejo : Lho, sek a. Wingi iku
duwekke sapa?
Dadang lan :
Duwekke Bos.
Dudung
Dudung
Bejo : Lha terus, sing nggawa
duwekke saiki sapa?
Dadang lan : Ya Bos.
Dudung
Dudung
Bejo : Dadi iku duwekku.
Dadang lan : Oh.. iya ya.
Dudung
Dudung
(Guru teka
lan ngampiri Bejo, Dudung, lan Dadang)
Guru : Le. Awakmu kate ndaftar
nang sekolah iki ta?
Bejo : Oo.. Iyo, Bu. Bu, lha
lek mlebu skolah niki yok po carane bu?
Guru : Yo liwat gerbang to, le.
Bejo : Ngge maksud kula sanes
niku, bu. Carane ndaftar ing sekolah niki yo’ napa?
Guru : Oalah yo wes. Melu o
aku.
Ing ruang
guru…
Bejo : Yo’ napa niki, bu? Kula
saget mlebet sekolah niki napa mboten?
Dadang lan : Lha lek kula, bu?
Dudung
Guru : Lha lek arek lara iki..
delok danemmu yo iso. Tapi lek bosmu sing cilik ireng iki koyoke ora bisa.
Bejo : OPO? Lha terus yo’ napa
niki bu.
Guru : Lek gelem. Kudu nggawe duwek
Bejo : Ngge, bu. Mboten
napa-napa. Pokok e kula kudu saget mlebet sekolah niki nganggo cara opo wae.
Guru : Lek ngunu kowe kudu
mbayar 100 jeti repes
Bejo : Ngge pun, bu. Niki
duwit e.
Guru : Lahh… sip-sip. Mene isuk
teko o mrene maneh.
Bejo : Ngge bu, matur nuwun.
Assalamualaikum.
Guru : Waalaikumussalam.
Sesuke ing ruang
guru…
Bejo : Assalamualaikum! (gebrak
mejane guru)
Guru : Astaghfirullah.
Waalaikumussalam.
Bejo : Yo’ napa, bu. Napa kula
sampun saget mlebet sekolah niki?
Guru : isa-isa mulai sesuk
awakmu wes isa mlebu sekolah iki.
Bejo : Ngge, bu matur nuwun.
Horee.. aku isa mlebu sekolah apik.
Dadang : iya, bos. Aku yo seneng.
Dudung : aku yo pisan.
Bejo : ya wes sesuk tak enteni
ndek ngarep gerbang.
Dadang lan : sip, bos
Dudung
Isuke, Ing
omah..
Ibu : lho le, katene nangdi
awakmu?
Bejo : badhe skolah, bu.
Ibu : oalah.. terus duit
sing tak kek I wingi isih ana ta?
Bejo : anu, bu. Arta sing
panjenengan paringi wingi sampun telas kangge mlebu sekolah.
Ibu : ya wes. Ayo budhal
ambek ibu. Ibu ya arepe nang bank.
Ing
sekolah..
Dadang : lho, bos kok durung teka,ya.
Jarene arep ngenteni awak dewe.
Dudung : alah ora popo
wes. Paling-paling yo sek njupuk duwek gawe nraktir awak dewe.
Dadang : iyo-iyo. Aku pingin bakso
dina iki.
Dudung : iya aku pisan.
(Bejo teka
karo ibuk e. Ngampiri dadang lan dudung)
Dadang lan : BOS!
Dudung
Bejo : WOI!! Ngge pun bu. Kula
mlebet sekolah disek.
Ibu : Iyo, nak. Seng pinter
yo lek sekolah.
(Bejo,Dadang
lan Dudung salim marang ibune Bejo. Ibune Bejo arepe mulih nanging delok Guru
sing diseret karo suster)
Ibu : Loh, iku lak wong gendeng sing ndek pasar biasane.
Ibu : Loh, iku lak wong gendeng sing ndek pasar biasane.
Suster : Ayo bu. Mbalek nang rumah
sakit. Engkok dulinan karo aku, ngge.
Guru : (mencak-mencak) emoh-emoh.
Aku emoh nang rumah sakit lek gak onok Sablina.
Suster : (ngekek i boneka nang guru)
Lha iki sablina, ayo saiki nang rumah sakit.
Guru : Uwahh… Sablina
sayang..ambek mak ayo. Nggkok tak masakno, terus dolanan.
(Suster lan
Guru ngaleh)
Bejo : Lho terus duwekku yo’
opo?
Ibu : Lho alah le, le.
boleh copy dramanya ?
BalasHapus